Sabtu, 23 Januari 2016

Pidato ketua panitia penyuluhan DB Bahasa Jawa.




Assalamu'alaikum gaeesss,alhamdulillah kali ini gue ngaploud pidato bahasa jawa selaku ketua panitia dalam acara penyuluhan demam berdarah.
kula sumanggaaken:

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Kepala desa Ajibarang ingkang dahat kinurmatan.
Tim penyuluh ingkang satuhu kinurmatan.
Bapak lan Ibu ingkang minulya.
Lan muda-mudi ingkang kawula tresnani.


 Ingkang sepindhah sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Mirah lan Maha Asih ingkang sampun paring kanikmatan ingkang kathah dhumateng kita sedaya. Utaminipun kawilujengan ugi kasarasan, pramila kita saged makempal ing adicara penyuluhan demam Berdarah.
Shalawat lan salam mugi-mugi konjuk dhumateng Nabi agung Muhammad SAW. lan kaluwarganipun,sohabatipun  serta umatipun igkag kersa ndherek  sunahipun.
Sederengpun kula minangka ketua panitia ngaturaken sugeng rawuh dhumateng  Kepala desa Ajibarang, tim penyuluh lan para warga Ajibarang .Mugi-mugi, adicara menika saged wonten manfaatipun  lan nambahipun wawasan, pengetahuan, lan ilmu kita.Kula ngaturaken agunging  panuwun dhumateng bapak lan ibu ingkang sampun mbiyantu adicara menika. Lan kula ngaturaken nyuwun pangapunten dhumateng warga desa Ajibarang saking kakirangan adicara penyuluhan menika.
Mugi-mugi adicara penyuluhan demam berdarah menika saged lancer mbonten wonten alangan setunggal menapa. Cekap semanten atur kula, mbok bilih katah kalepatanipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.


Makasih gaess semoga bermanfaat.
Wassalam.